Cerita Lucu Akal buluse MUKIDI

Ono klinik ditulisi ngene…
sopo ae sing berobat gak waras, duwite dibalekno sampek 5 kali lipat
Saben dino klinik iku rame terus gara2 slogane menjanjikan, tapi yo ngono, saben berobat nang kono, pasienne mesti waras, durung tau ono pasien sing komplain, gara2 gak waras.
Erruh ngono iku Mukidi iseng2 pingin berobat mrono, pengin ngetes ben klinike gak iso nangani, terus duwite iso mbalik 5 kali lipat…. waaah lumayannnn isok gawe tuku klambi anyar..
Deweke ngarang penyakit sing kiro2 aneh, sing wong durung tau krungu.
Mukidi: “dok, aku iki kok duwe penyakit aneh yo?”
Dokter: “Penyakit opo cak?”
Mukidi: “Iki loh, aku ben mangan, cangkemku kok gak kroso opo2. Pedes, asin, legi, gak kroso blas..”
Dokter: “Owalah, iku ngono penyakit gampang diwarasno. Mei Lin, tulung jupukno obat nomer 7.”
Dokter: “Iki cak, obate sampeyan ombe saiki. Ono perubahan opo gak?”
Mukidi pura2 gak kroso opo2, ben duwit’e iso mbalik. Bareng diombe, Mukidi langsung misuh2….. keceplosan
Mukidi: “Jangkriiikkkkk…, iki ngono dudu obat dok, tapi telek pitik??”
Dokter: “Wah, berarti kon wis waras, cangkemmu wis iso ngrasakno telek pitik barang”
Akhire Mukidi mulih ambek ngroweng gak mari2. Minggu ngarepe, Mukidi iseng2 meneh, pingin berobat nang klinik maneh.
Mukidi: “dok, aku duwe penyakit aneh”
Dokter*: “Opo iku?”
Mukidi: “Ngene dok. Aku akhir2 iki kok gampang lalian. Jek tas 5 menit ngomong, wis lali sing diomongno”
Dokter: “Walah… gampang iku.”
Mukidi merinding gak karuan.
Dokter: “Mei Lin, tulung jupukno obat nomer 7”
Mukidi: “dok… ojok guyon, aku emoh nek obat nomer 7”
Dokter: “Loh opo’o?”
Mukidi (spontan): “Iku dudu obat, tapi telek pitik”
Dokter: “Lah iku kon eling, Berarti penyakitmu wis waras!!!”
Mukidi: “Wis dok, gak sudi aku……., gak katene berobat meneh. Mosok saben nang kene disuguhi telek pitik !!”.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Yang Ke 6

Doyan Jual Mahal! Cewek Leo adalah Zodiak Yang Sulit Ditaklukan.

Cita dan Dendam